Mbukak lawang

Sabtu, 11 Agustus 2012

PERKORO UPO

UPO=OPO KUWI UPO
Upo beras kang wis dadi sego tapi mung siji, iku jenenge upo, ono kata-kata sing wis ora aneh yo iku ngupoyo upo, golek butuh utowo golek rejeki. Jaman saiki ngupoyo upo biso direwangi eker-ekeran karo kancane dewe, congkrah karo tanggane, iku yo mung perkoro UPO

Kamis, 09 Agustus 2012

KOREK



Wujudmu pancen ora sepiro o
Gedhemu ya ora luwih gedhe tinimbang telo godhog
Opo maneh bentukmu jan ora koyo barang kang aji
Nanging aku ora bakal biso jenak yen ora ono kowe
Manungso ora biso gawe uripe
Mergo kowe pancen barang sing kanggo nguripi rokok iki
Nguripi mbako karo cengkeh sing dilinting dadi siji
Coss... Korek ku ilang
Arek Rokok an ora ono korek Njelalah Kompor gas .. gas e yo entek sisan
Pancen sengsoro tenan bengi iki
Koyo di Antemi Cino ora iso Mbalesi.....
OH... KOREK NEng ndi kowe
Tak mised caall yo ura nyauri
Tak SMS yo ura MBalesi...

Poso Tahun Iki..(2012)

Sugeng nindaaken ibadah siam...pramilo saking puniko hambok bilih sak dangunipun sesrawungan, gegojegan kaliyan sehderek sedoyo wonten mriki, wonten peranganipun atur kulo ingkang mboten mranani wonten penggalihipun sedherek sedoyo ing mriki kulo badhe nyuwun pangapunten sedoyo lepat kulo... nuwun matur nuwun " Sugeng nindakaken ibadah siam "

GORO-G0RO

Numpak speda motor hamlayu ngebut.
Hanerabas pedhut mawut
Sirah rosone cenat-cenut
Tanpo Helm tanpo udut

Dalan amba jare ciut,
Kebablasen jare kebacut,
Bobot suda jare susut,
Kaos kaki jare kasut ,

Roso asem jare kecut,
Ora sadhar jare semaput,
Kulit tuwo jare kriput,
Jare kathok tibak e Cangcut.....

Ada zaman yang menyedihkan bagi orang baik-baik, ketika kebenaran dan orang baik-baik dilecehkan, seperti pada ungkapan ini :
Wong bener thenger-thenger,
Wong salah bungah-bungah,
Wong apik ditampik-tampik.
Artinya :
Orang benar jadi susah,
Orang salah malahan senang hidupnya,
Orang baik tidak diterima bahkan diusir.

Dhandhang diunekake kuntul, kuntul diunekake dhandhang.
Yang jahat dibilang baik, yang baik dikatakan jahat.
Ini merupakan gambaran keadaan yang rancu, dimana nilai-nilai moral kejangkitan penyakit.

Selasa, 07 Agustus 2012

Si Mbok


Si Mbok, Mbok'e, Emak, Enyak, Bunda, Mama, Mami, Umi, Nyokap, lan sebutan liyane iki kangge nyebut Ibu sing sangang sasi nggembol awakku. Aku wong jowo, aku nyebut ibuku ngangge sebutan Si Mbok. Utun, jadul, kelinggalan jaman, ndak gaul jare tapi ndak opo-opolah.

"Mbok" iku sebutan penghormatan luhur lan sakral dalam estetika jawa. Tetapi begitu disayangkan, wong kota saiki kebanyakan ngangge kata "Si Mbok" kanggo nyeluk babune. "Si Mbok" sing begitu sakral sak naliko ceblok derajate, begitu rendahnya seorang "Mbok" jaman sekarang.

Terimakah ibu anda dianggap babu? (ora bermaksud menyinggung sing ibune memang pekerjaane babu.) Panggilan untuk seorang ibu saiki wes diperuntukkan bagi seorang babu.

Opo pernah Kementrian Pemberdayaan Perempuan membahas penghinaan iki?
Opo pernah komnas Perempuan mempermasalahkan hal iki?
Opo pernah sampean menyadari pergeseran estetika iki?

Jika sampean ngomong itu bukan masalah, berarti sampean memang tak perduli dengan Si Mbok yg telah mbrojolne awakmu...

Tetapi herane si empunya julukan "Mbok" ora nesu naliko hal ini terjadi, begitu maha bersabarnya beliau, padahal Alloh Yang Maha Pemarah saja wes kebelet kudu napok sing kakean omong emansipasi wanita, hak gender, perlindungan perempuan, hak asasi perempuan tapi ora sadar yen ono penghinaan separah iki. Untung wae "Si Mbok" ora nesu jadi Tuhan pun mengurungkan niat marahnya.

SUARA HATI PERANGKAT DESA

SUARA HATI PERANGKAT DESA

By : ROCHMAD SETYAWAN ( Kamituwo Dsn. Jabung )
Kami dari mana, kami dari Jakarta.
Membawa oleh oleh buat masyarakat desa.
Desa minta dana untuk pembangunannya.
Dan juga untuk kesejahteraan perangkatnya.

Perangkat minta PNS, tetapi tidak bisa.
Ada apa gerangan, gerangan ada apa.
Apa badanya kami, kami juga mengabdi.
Mengabdi untuk negri yang kaya raya ini.

Reff.   Bapak camat.............. kami juga takut kuwalat.
            Bapak Bupati.............. Kami minta janji yang pasti.
            Bapak Gubernur..............  kami juga pengin hidup makmur.
            Bapak Presiden.............. jangan lupa, ojo lali, aja kelalen.

WATON GUYON

 
Tuku bothok karo lombok,
Ning pasar lawang kota malang,
Wong wedok lungguh methothok ketok sak bathok,
Wong lanang lungguh mekangkang ketok sak pedang.. 

Wuih mantab Ndess.. Lekmu cilik to Ndesss?


Tangan tengen nyekel wedang kopi,
Aq kangen, sopo sing gelam tak jak cipika cipiki...?
Cah Ndeso ae... Kembagus we ki Ndessss


Pak Kades kecemplung sumur...
Ayo Ndesss,,, ndang golek persiapan Sahur...
Aq sahure bar subuh Ndaaa...


Tuku kayu, kayune glugu
Kowe kuwi jane ayu, tapi sayang wedak pupurmu gubrat kabeh tekan gulumu...

Kuwi dudu wedak ya Ndesssss.... kwi ke, Panu...#$%^&

Madu mongso rupane ireng...
Ayo cah,,, ndang di mongso, mumpung uerung meteng...

Ingat,,,,,Puasa Ndessss...

Geni wowo wadahi kloso,
Nembang sinom lungguh methothok...
Bojo tuwo marai nelongso, Bojo enom medhotno boyok...

Silit panci ditambal kayu,
Aku benci karo wong kemayu...

Nek kembagus ora ndessss.....


Sate buntel tambak segaran..
Lehku ngguyu nganti kemekel, mergo nyawang POLRI karo KPK tukaran.

Klopo enom arane cengkir..
Diajeng bojoku enom, selama poso masmu prei sik yo anggone parkir..

Ono wedus kecocok paku,
Aku bagus mung jare pacarku.....

Pacarmu katarak Ndesss...?


Tuku bawang wadahe bolong
Mampir tuku boto neng kuto pati,
Nek nyawang bojone uwong
Iso nyegerke moto lan maremke ati…
.

Nek nyawang bojomu Dewe popo muneg-muneg ye Ndesss. Hueck..