Tuku bothok karo lombok,
Ning pasar lawang kota malang,
Wong wedok lungguh methothok ketok sak bathok,
Wong lanang lungguh mekangkang ketok sak pedang..
Wuih mantab Ndess.. Lekmu cilik to Ndesss?
Tangan tengen nyekel wedang kopi,
Aq kangen, sopo sing gelam tak jak cipika cipiki...?
Cah Ndeso ae... Kembagus we ki Ndessss
Pak Kades kecemplung sumur...
Ayo Ndesss,,, ndang golek persiapan Sahur... Aq sahure bar subuh Ndaaa...
Tuku kayu, kayune glugu
Kowe kuwi jane ayu, tapi sayang wedak pupurmu gubrat kabeh tekan gulumu...Kuwi dudu wedak ya Ndesssss.... kwi ke, Panu...#$%^&
Madu mongso rupane ireng...
Ayo cah,,, ndang di mongso, mumpung uerung meteng...Ingat,,,,,Puasa Ndessss...
Geni wowo wadahi kloso,
Nembang sinom lungguh methothok...Bojo tuwo marai nelongso, Bojo enom medhotno boyok...
Silit panci ditambal kayu,
Aku benci karo wong kemayu...
Sate buntel tambak segaran..
Lehku ngguyu nganti kemekel, mergo nyawang POLRI karo KPK tukaran.
Klopo enom arane cengkir..
Diajeng bojoku enom, selama poso masmu prei sik yo anggone parkir..
Ono wedus kecocok paku,
Aku bagus mung jare pacarku.....Pacarmu katarak Ndesss...?
Tuku bawang wadahe bolong
Mampir tuku boto neng kuto pati,
Nek nyawang bojone uwong
Iso nyegerke moto lan maremke ati….
Nek nyawang bojomu Dewe popo muneg-muneg ye Ndesss. Hueck..
Tidak ada komentar:
Posting Komentar